Anakku sekolah neng TK B, bocahe wis  pinter maca. Aku sueneng byanget. Sakwijining dina tak ajak blanja neng Giant, anakku njaluk jajan minuman ringan (softdrink).
Nek jajan neng njero iso langsung diombe soale wis  dibayar neng kasir njero, nanging neng bungkus jajane ditempeli stiker "PAID" sing artine wis  dibayar dadi gak bakal dietung maneh karo kasir sing njaba.
Terus tempelane mau diwaca karo anakku, trus dheweke ngomong , "Buk, aku gak gelem ngombe".
Aku mendelik, pikirku wong njaluk jajan sing milih anakku dhewe kok gak gelem ngombe. Trus aku gomong, "Lha kenapa Nduk ?"
Trus anakku njawab, "aku kan  pingin minuman sing manis Buk, kenapa minuman paid kok didol neng kene ?"